Basa Lan Sastra Jawa

Para siswaku kelas VIII kabeh wae, wacanen crita wayang ing ngisor iki, banjur goleka tuladha crita wayang liyane ing situs : www.wayangbagus.com



KRESNA DUTA
Sawise nglakoni ukuman suwene rolas taun lan umpetan setaun, para satriya Pandhawa mapan ing Nagara Wiratha. Mbarengi ana pasamuwan agung kang dianakake ing Bangsal Wiratha. Para Pandhawa wis sarujuk ngangkat “Duta Agung” Sri Bathara  Kresna prelu njabel hak warisan saparoning Nagara Astina.
 Sri Kresna duta kang kaping telu (pungkasan). Duta kapisan lan kapindho yaiku Dewi Kunthi lan Prabu Drupada padha ora oleh gawe. Ya duta pungkasan kuwi nanting kekareping Prabu Duryudana. Nagara Astina diwenehake, apa dicukengi. Yen dicukengi nedya direbut sarana perang, ateges “Baratayuda dadi”.
Budhaling Prabu Sri Kresna ana ing dalan ketemu Dewa papat minangka utusaning Sang Hyang Guru, dadi paseksen ucape Prabu Duryudana. Dene dewa papat kasebut :
    1. Bathara Narada
    2. Bathara Kanwa
    3. Bathara Janaka
    4. Bathara Rama Parasu
Dewa papat lan Sri Kresna wus tekan ing nagara Ngastina Nalika para Dewa isih padha nekseni, Prabu Duryudana gelem menehake Negara Astina separo lan Indraprastha sajajahane. Nanging bareng Dewa papat wus kondur menyang Kahyangan, Prabu Duryudana malih ucape. Malah prasetya gelem mbalekake nagara Astina yen tugel gulune prabu Duryudana. Wekasan pecah perang kang sinebut “Baratayuda Jaya Binangun”.


Tugas kanggo kelas 7 lan 9 kliken ana enggone mas Gareng